JANTURAN PINGGIR SEGARA

Kali ini saya akan membagikan contoh janturan dalam pagelaran wayang kulit. Janturan ini digunakan pada adegan wayang, ketika ada tokokh yang berada di tepi samudra atau pantai.



JANTURAN 

          Hanenggih pundi ta ingkang minangka purwaning carita. Tuhu punika aglaring gisik samudra kidul.Dhasar  bawera tur jero tanpa wangenan.Mila datan mokal sinung prabawa wingit weh giris kang miyarsa.Kawentar lamun samudra kidul dadya sasanane Ratu Kencanasari ya kang kaprah winastan Ratu kidul uga ingaran ratu gisik kidul.Nadyan wadage wujud samudra nanging sejatine pan iku kedhatone bangsa alus.Saben wanci kang tinamtu  keh sesaji kang den larung ing  jaladri kidul.Kayata ing wulan Suro.

          Natkala semana sandyakala wus meh tunggang ancala.Katingal abra sumamburat ing sisiring langit.Sorote Hyang Arka mung kari sak mrica binubut. Mracihnani gumantining wanci rahina ngancik wanci surup surya.

          Gumelare gisik samudra wanci surup surya. Katingal alerap –lerap lakuning alun kang nempuh sela karang prasasat lumepasing warastra saking kendhenging  langkap .Gulung –gemulung pecahing alun dadya ombak.Ombaking segara kidul angrangsang dharatan kaya sardula kang ngoyak playuning menjangan.galak krodha sru manaut.

          Swarane ombak gumuruh yayah clereting thathit.Kawimbuhan angin kang rikat lampahe mahanani nyurung lakuning ombak.Sambung –sumambung robing jalanidhi tanpa kendhat yayah ilining tirta narmada.   

          Lumakuning ombak gedhe den gunakake para misaya mina kanggo anjaring buron toya.Nadyan nggegirisi ombake nanging tan bangkit gawe gigrige para misaya mina,malah ngobarake gregeting penggalih. Padha sengkut gumregut. Baita –baita den lakokake tumuju tengahing samudra. Trajange ombak kang nempuh baita wus dadi pakulinane pra misaya mina.

 

Terimakasih semoga bermanfaat. 

 

 

0 Response to "JANTURAN PINGGIR SEGARA"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel